Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020
                          Alam Sawegung      Geguritan iku puisi Jawa kang ora kaiket dening paugeran tinamu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh mardiaka utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang kanggo lelewane basa ( gaya bahasa ) tinamu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane       Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a.   Macakanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. b.   Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//). c.   Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. d.   Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. e.   Tambahana tembung utawa...
Gambar
                  Nyinau Kagunakan Jawa     Bahasa jawa iku urip mula bahasa Jawa tansah, amarga titikane apa wae kang urip iku mesti owah. Bahasa jawa kang mbiyeng munganggo tembung-tembung Jawa, saya suwe saya kalebon tembung-tembung manca. Tembung-tembung mau akeh-akehe saka bahasa Arap lan bahasa Inggris. Kanggo ngawekani panulise tembung-tembung manca kang ora ono tembung jawane, kira-kira taun 1996 kawetokake pranatan penulise aksara Jawa lumantar Yayasan Pustaka Nusantara. Ing kana salah sawijine bab ngandharake anane aksara rekan lan aksara pasangane.      Aksara rekan iku ana lima, yaiku: A. Maca aksara Jawa rekan B. Nulis paragraf aksara Jawa kang ngemu aksara rekan      Nulis paragraf akdara Jawa iku padha karo nulis aksara disambung-sambung. Kang prelu digatekake, menawa nulis akara Jawa kudu diwiwiti nganggo adeg-adeg lan dipungkasani nganggo pada lungsi, nanging yen ...
                  Nglestarekake kebudayaan     Serat wadhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kejaba ngemot pupuh pangkur lan pupoh sinom uga ngemot pupoh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada. A . Maca lan nanggapi teks serat wadhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilanga                                   Pocung        Ngelmu iku, kalakone kanthi laku,                       Lekase lawan kas,                   Tegese kas nyantosani,                 Setya budya pangese dur                                  angkara *   Pupuh pocung ...
                         Budaya Wewaler        Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhun saka tembung gugu (pracaya marang kadhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadeyan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhun ing madyaing masyarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon 1.) Gugon tuhun salugu yaiku bocah utawa        wong sing dadi mangsane Bathara Kala        miturut dongeng yaiku bocah sukerta. 2.) Gugon tuhon wasita sinandi yaiku                  kalebu pitutur sing ora kalariakake                kanthi melok. Akeh nggunakake                      tembung boten ilok utawa ora ilok sing          sejatine ng...
Pawarto     Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kebutuhankang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarto iku kabar kang disebarke supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Menawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang nggunakkake medhia cithak umpamane, ariwati utawa koran, kalawarti utawa majalah bulentin, lan sapanunggalane. Dene kanggunakake medielektronik bisa katemokake ing radio (media audio), televisi (media audio-visual) lan internet (media sosial). A. Maca lan Nemokake Isine Teks pawarto              Gelar Budaya ing Sonobudoyo[1]      YOGYA (KRjogya.com) [2]-museum Sono budoyo Ngayogyakarta ngandani acara 'Gelar Budaya' malih kanti tema 'Mudha, Kreatif Mbudaya', 16-18 April 2016 [3]. Menangka warni lomba lan seni buda kasiyagaken, kadosta lomba baksan siswa tk, gobang sodor kanggo siswa SD, lomba cerdas cermat kangge siswa SMP, lan lomba njajah museum kangge siswa SMA. Ingkak ndherek lomba beksa...