Alam Sawegung
Geguritan iku puisi Jawa kang ora kaiket dening paugeran tinamu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh mardiaka utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang kanggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamu, uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Macakanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//).
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bis acetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesti bisa katemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mdngkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Iku bisa setuju (sarujuk), bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).
Apa Bedane
dening sudi yatmono
Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
bedane mung perkara bumbune
Bedane apa bumbune kasing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
Apa bedane wadhah karo seng diwadahi
kwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
Lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kapati-pati marang kahanan. Mula suka iku, lumantar gegurian pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranata utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru lagu, guru wialangan, lan sapanunggalane.
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, engdah, lan becik.
c. Bisa nggunakake lekawane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sspanunggalane).
d. Usine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggalne.
(Sumber; Gegaran Nyinau Bahasa Jawa kelas XII SMA/SMK/MA)

Dabagus👍👍
BalasHapusAlhamdulillah sangat membantu👍
BalasHapusY
BalasHapusWahhh brmanfaat skalii.😃
BalasHapus