Alam Sawegung

     Geguritan iku puisi Jawa kang ora kaiket dening paugeran tinamu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh mardiaka utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang kanggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane

      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.

a.   Macakanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
b.   Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeng (//).
c.   Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d.   Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e.   Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bis acetha lan bisa ditemokake karepe.

      Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesti bisa katemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mdngkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Iku bisa setuju (sarujuk), bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

                             Apa Bedane
                     dening sudi yatmono

          Apa bedane prosa karo puisi
          bedane ana ati

          Apa bedane ati karo gori
          bedane mung perkara bumbune

          Bedane apa bumbune kasing                            dibumboni
          bedane rak mung ana ing wadhah

           Apa bedane wadhah karo seng                         diwadahi
           kwi rak mung akal pokal gaweane                 manungsa

           Lha apa bedane manungsa karo                       kewan
           ah iku urusane Pangeran
           (Mbangun Tuwuh, angka 138)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

     Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kapati-pati marang kahanan. Mula suka iku, lumantar gegurian pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranata utawa aturan

     Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

a.     Ora kaiket dening aturan utawa                      pranatan guru gatra, guru lagu, guru              wialangan, lan sapanunggalane.
b.     Ngutamakake isi kang mentes, apik,              engdah, lan becik.
c.     Bisa nggunakake lekawane basa                      (purwakanthi, baliswara, saroja, entar,          lan sspanunggalane).
d.     Usine bisa pitutur, piweling, kritik,                protes, nyindir, nggresah, pamundhut,          lan sapanunggalne.

(Sumber; Gegaran Nyinau Bahasa Jawa kelas XII SMA/SMK/MA)

Komentar

Posting Komentar