Pawarto

    Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kebutuhankang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarto iku kabar kang disebarke supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Menawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang nggunakkake medhia cithak umpamane, ariwati utawa koran, kalawarti utawa majalah bulentin, lan sapanunggalane. Dene kanggunakake medielektronik bisa katemokake ing radio (media audio), televisi (media audio-visual) lan internet (media sosial).

A. Maca lan Nemokake Isine Teks pawarto 

           Gelar Budaya ing Sonobudoyo[1]

     YOGYA (KRjogya.com) [2]-museum Sono budoyo Ngayogyakarta ngandani acara 'Gelar Budaya' malih kanti tema 'Mudha, Kreatif Mbudaya', 16-18 April 2016 [3]. Menangka warni lomba lan seni buda kasiyagaken, kadosta lomba baksan siswa tk, gobang sodor kanggo siswa SD, lomba cerdas cermat kangge siswa SMP, lan lomba njajah museum kangge siswa SMA. Ingkak ndherek lomba beksan wonten 20 TK, lomba gobang sodor 16 SD, lomba cerdas cermat 15 SMP, dene lomba njajah museum dipundhereki dening 20 SMA ingkang sumber ing DIY [4].
     Kasi bimbingan Informasi dan Reparensi Museum Sonobudaya, Bapak Dwi Agung Hernanto, S.S., M.M.dhawuhaken [4] bilih lomba nunika katujokaken [4] bilih siswa kanti pangajap supados para mudhalangkung caket kalian Sonobudya minangka laboratoriumipunkabudayaan. ...(R-2)

Macateks pawarto kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaleni nganggo mangsuli pitakon kang geyayitan karo 5W+1H, kang  jlentrehe:

What    : Kedadeyan apakang diwarta-          kake/dikabarake.
Who     : Sapa wae kang diwartakake. When   :  Kapan waktu melamone keda-deyan.
Where  : ing ngendi papan kelakone kedade-yan
Ehy       : Geneo biso kelakon kedade-yan
How      : kepriye mungguhkelakone kedadean.

B. Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarto

        Supaya bisa nanggapi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarto kang diwaca, prayogane para siswa ngerteni ragangan utawa struktire pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4 (patang) perangan kang baku, yaiku headline, dateline, lead, lan blegere pawarta.
        Irah-irahane pawarta utawa ringkwsane lead biasane diarani headline, gunane kanggo narik kawigatane pamaca, isine mujudake ringkesan saka sakabehe isi pawarta kang ditulis([1]). Dateline isine papan lan wektu kedadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kedadeyane ([2]). Lead utawa emperane pawarto, isine ringkesan pawarto, gunane kanggo mbantu pamaca numokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger itu bukti lan dhata kang disuguhake ing lead mau ([4]).

CNulis Teks Pawarta Kanthi Ragam Bahasa Kontekstual

       Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku papane ana ing perangan bleger. Cara anggone penulis nyuguhake bleger adhakane modhel piramida utawa kronologis utawa piramida kuwalik utawa uga black paragraph.
      Modhel piramuda iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nuju marang kang penthing dewe. Dene yen pawarta dijlentrehake saka perangan kang penthing dhewe lagi ketrangan-ketrangan kang ora pati penting, iku tegese nggunakake modhel piramida kuwalik. Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasane kanthi urut lan genep. Dene model black paragraph ora mentingake perangan siji lan ngenthengake perangan liyane. Ing kene, kabeh perangan dianggep padha penthinge.

D. Maca Teks Pawata Kanthi Nyuwara

         Maca kanthi yuwara iku maca kang ditunjukake marang wong liya. Amarga ditnjukake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep kang ngrungokake (kayata ing televisi), kejaba prekara telu mau katambah pawulad kang nyumadulur (komunikatif).
         Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kaliren. Kang dikarepake kedal kang cetha iku suarane tembung siji lan sijinekudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing bahasa Indonesia diarani tempa lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo tikik utawa komane anggone maca.

(Sumber; gegaran bahasa jawa kelas X SMA/SMK/MA)

Komentar

Posting Komentar