Budaya Wewaler

       Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhun saka tembung gugu (pracaya marang kadhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadeyan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhun ing madyaing masyarakat Jawa diarani pepali utawa larangan.

Gugon tuhon

1.) Gugon tuhun salugu yaiku bocah utawa        wong sing dadi mangsane Bathara Kala        miturut dongeng yaiku bocah sukerta.
2.) Gugon tuhon wasita sinandi yaiku                  kalebu pitutur sing ora kalariakake                kanthi melok. Akeh nggunakake                      tembung boten ilok utawa ora ilok sing          sejatine ngemu teges ora becik.
3.) Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku                wewaler saka luhur utawa wong sing            dadi cikal bakal amarga nindakake                sawijining bab, banjur wewawer                    kanggo anak putu dupaya ora melu                nindakake.

      Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pitudoh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kemangnusan, kebangsaan, kulawarga, lan kadinyan.

Pituduh

     Munggahe bebrayan jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem perkara, kaya kacetha ing ngisor iki.

1.    Pituduh magepokan karo Gusti Kang             Maha Wisesa
2.    Pituduh kang magepokan karo rohani
3.    Putuduh magepokan karo                                 kemanungsan
4.    Pituduh kang magepokan karo                         kebangsan
5.    Pituduh kang magepokan karo                         kaluargo
6.    Pituduh kang magepokan karo                         kadonyan

Wewaler

       Kaya dene pituduh, wewaler bebrayan jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.

1.     Wewaler kang magepokan karo Gusti             Kang Murbeng Urip
2.     Wewaler kang magepokan karo rohani
3.     Wewaler kang magepokan karo                       kemanungsan
4.     Wewaler kang magepokan karo                       kebangsan
5.     Wewaler kang magepokan karo                       kaluarga
6.     Wewaler kang magepokan karo                       kadonyan

(Sumber; Gegaran Nyinau Bahasa Jawa kelas XII SMA/SMK/MA)

Komentar

Posting Komentar